07/09/2016
JUDULE UDU PENTULU INDAH TAPI PENTULU KELABU LIK..!!!
Dadi ceritane hubungane inyong karo Srintil jan anu uwis mintlip mintlip garepan putus lik, terus Inyong maca postingane wong wong sing pada plesir nang aring pentulu indah kayanu pada bahagia timen sih yah..!! dadi pentulu kuwe jan kena nggo alasan inyong ngerayu srintil supaya gelem plesir karo inyong nang aring pentulu, Kayane Srintil ya anu uwis maca posting status pentulu, nyatane pas inyong ngajak srintil plesir nang aring pentulu deweke ya anu langsung oke, ning ya kuwe gole wangsulan karo judes, hihihi. Alah ora apa apa sing penting srintil uwis gelem inyong ajak plesir nang aring pentulu.
Bayangane inyong, angger srintil uwis kelakon inyong ajak dua duaan nang aring pentulu, hubungane inyong karo srintil mesti bisa mesrah maning, jan agi mbayangna bae atine inyong uwis berbunga bunga. Gole persiapan inyong ora tanggung tanggung lik...!!! Gole sangu duwit inyong ya mandah akeh, pokoke srintil garepan inyong seneng senengna, Pitik babon se petarangane kabeh inyong dol, ulih duwit telung atus punjul seket pitu ewu, sangu duwit semeno kayane ya anu cukup lah.
Isuk mruput inyong uwis ngacir numpak montor mboncengna srintil, nang aring ndalan srintil diajak ngobrol ya ukur meneng bae, jan blas ora ana mesrah mesrahe babar pisan, montor terus tek gas pol, hihihi... njudal banter banget, terus tek rim, jlegaguk...!! mbok sih srintil terus ngrangkul inyong, boro boro ngerangkul, malah tangane srintil lorone dijotosna nang aring cengel, bluuuggh..!! Kaya kuwe. Tekan pentulu anu manjat ujare inyong ya tek gandeng tangane, tapi ya kuwe saben tek demek tangane anu njudal njudal bae, terus kiyeh uwis tekan nang aring puncrit, srintil inyong ajak munggah nang aring planggrong kayu, inyong yakin tapi ukur tek batin, angger uwis nang nduwur srintil tek kapak kapakna mesti anu manut. Temenan lik.. kiyeh inyong uwis kelakon nang aring puncrite pentulu, tapi nyatane ya tetep bae srintil njundil njudil bae angger garep tek ambung lik... jajal sapa sing bisa nulungi inyong lah, jal inyong tidoki resep sing ampuh supaya cewek anu bisa lulut kaya kucing. Hihihi ...
Judule pentulu kelabu kiyeh lik...
#...crita rakyat_karya by srintil dan semprull